Rabu, 20 Oktober 2010

BAHASA JAWA XI SMA

Philien wangsulan kang bener kanthi menehi tandha ning aksara a, b, c , d, utawa e!
1.Riyanti kuwi bocahe sregep banget.
Sregep banget kosok balene yaiku . . . . . .
A. Pinter D. kesed
B. Rajin E. Males
C. Apikan
2.Bapak lunga mau esuk. Ukara kuwi sing bener yaiku . . . . .
A. Bapak tindhak mau esuk. D. Bapak lungan mau enjang.
B. Bapak lunga wau enjang. E. Bapak kesah wau enjang.
C. Bapak lunga mau enjang
3.Tuladha tembung kosok balen ing ngisor iki sing bener yaiku . . . .
A. Ngandhap >< asor D. a lan c bener kaber
B. Kepenak >< rekasa E. a lan b bener kabeh
C. Susah >< bungah
4.Tembung sing padha karo turu, yaiku…….
A. Sare, tangi, lunga D. Tilem, sare, turu
B. Tilem, tangi, turu E. Turu, tangi, lunga
C. Tangi, sare, tilem
5.Tembung kosok balen ingkang leres, yaiku . . . .
A. Lemu >< ginuk D. Dhawa >< longgor
B. Dhuwur >< inggil E. Marem >< gelo
C. Adoh >< tebih
6. Ibu lungguh aku sare. Ukara ingkang leres inggih punika.. . .
A. Ibu lungguh aku tilem. D. Ibu lenggah aku turu
B. Ibu lungguh aku lungguh E. Ibu lenggah aku lungguh
C. Ibu lenggah aku turu
7. “ Mikul tugas Negara “. Wong mikul iku iku barange diselehake
ing……
A. Pundhak D. Geger
B. Bangkekan E. Tangan
C. Sirah
8.Kanthi munjuk syukur Dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung “.
Tembung ing dhuwur ing perangan pidhato kalebu……
A. Salam Pambuka D. Wigatining
B. Pangajeng-ajeng E. Panutup
C. Purwaka
9.Wigatining, pangajeng-ajeng. Perangan pidhato ing salebeteng…..
A. Panutup D. Atur panuwun
B. Isi E. Topik
C. Pambuka
10.Tujuaning pidhato inggih punika….
A. Nggamblangake, atur panuwun
B. Nglipur, paring semangat
C. Ngeyakinaken, syukur
D. Salam panutup, nglipur
E. Ngeyakinaken, Topik
11.Unen-unen kang mrihatosaken purwakanthi swara, yaiku….
A. Geguritan D. Purwakanthi
B. Macapat E. Sesorah
C. Tembang
12.Ukara karma ing ngisor iki bener kajaba………
A. Buku iki wis diaturake bapak
B. Buku iki wis diaturake bapak marang aku
C. Buku iki wis dicaosake bapak
D. Buku menika sampun dipun aturaken bapak
E. Bukunipun sampun dipun caosaken bapak
13.Mangke kemawon panjenenganipun ingkang rawuh dhateng
nggriya kula. Manut unggah-ungguhipun basa ukara ing dhuwur
iku kalebu basa…………
A. Krama inggil D. Krama madya
B. Krama ndeso E. Krama ngoko
C. Krama sastra
14.Tandha kanggo miwiti ukara ing aksara Jawa diarani……….
A. Pada lingsa D. Pada swara
B. Pada adeg-adeg E. Pada sastra
C. Pada lungsi
15.Pratelan ing ngisor iki minangka pambudidaya supaya tulisan
Jawa tetep ngrembaka, kajaba…….
A. Diuri-uri kanthi satuhu
B. Digethok tularake marang generasi mudha
C. Disinau kanthi temen dening para mudha
D. Ora antuk kawigaten dening para mudha
E. Mulangake aksara Jawa ana sekolah
16.Kabeh padha cancut taliwanda, tegese kabeh padha……
A. Umpetan C. Golek gaman
B. Mlayu rikat E. Gawe bregada
C. Siyap siyaga
17.Apa kang dikarepe tugelan geguritan ing ngisor iki
……..
sugih kawruh mundhak ruruh
kadya pari mentes tumungkul dhemes
kaya klentheng kebak anteng
………
A. Wong pinter kuwi seneng pamer
B. Pari yen isine apik kuwi ora jejeg
C. Wong bodo kuwi anteng
D. Wong pinter kuwi ora kakehan polah lan ngetokake pintere
E. Wong pinter kuwi kudu seneng marani wong liya
18.Ajining dhiri gumantung ing lathi.
Tegese ukara kasebut……..
A. Apik-alane pribadhi manungsa ginambar ing basane
B. Apik-alane pribadhi manungsa ginambar ing lathine
C. Apik-alane lathine manungsa ginambar ing basane
D. Apik alane basane manungsa ginambar ing lathine
E. Apik-alane jiwane manungsa ginambar ing lathine
19.Crita karangan kang isine nggambarake kahanan kang di tonton
utawa obyek kang ditonton kanthi premati sing maca crita mau ka
ya-kaya meruhi dhewe iku diarani………
A. Narasi D. Eksposisi
B. Argumentasi E. Aktualisas
C. Deskripsi
20.Putrane Prabu Dhrestharastra iku uga diarani Sata Kurawa
amarga………
A. Sasedulur tunggale lima
B. Sasedulur tunggale kembar satus
C. Sasedulur tunggale satus
D. Sasedulur tunggale luwih saka lima
E. Sasedulur tunggale luwih saka lima
21.Basane pamedhar sabda iku kaya ing ngisor iki, kajaba……
A. Tembung-tembunge bener D.Tembung-tembunge kawi
B. Ukarane cetha E. Manut pranatan basa
C. Pocapane wijang
22.Kang diarani guru gatra, yaiku………
A. Akehe larik ing saben tembang
B. Akehe tembang macapat
C. Tibaning swara ing saben pada
D. Tibaning pada ing saben swara
E. Akehe larik saben swara
23.Wosing prekawis kang isih jembar dipun arani……….
A. Topik D. Tema
B. Makna E. Frasa
C. Irah-irahan
24.Dheweke pinter banget mbuwang tilas.
Tegese “mbuwang tilas”, yaiku……..
A. Seneng mbuwang barang sing ora kanggo
B. Seneng mbuwang tilase wong liya
C. Nutupi timindhaki wong sing ala
D. Nutupi kahanane wong
E. Nutupi kabecikane wong liya
25.Kancaku ora melu piknik amarga ora dipunparengake bapake.
Ukara kasebut kaandharaken nganggo basa………
A. Ngoko lugu D. Krama alus
B. Ngoko alus E. Kraton
C. Krama lugu
26.Sesorah kang diwenehake minangka wakile kulawarga kang lagi
nandhang sungkawa becike……….
A Waton ngomong lan seru
B. Manut kaprigelane sing ngomong
C. Cekak aos lan apa prelune
D. Manut pamundhute sing duwe gawe
E. Ngayawara nganti kentekan tembung
27.Sikep sarira tuwin pasuryan ingkang kedhah dipungatosaken
nalika sesorah utawi pidhato inggih menika………..
A. Asring ngobahake satunggaling bageyan sarira
B. Jumeneng kanthi lelambaran sikil satunggal
C. Jumeneng kanthi raos kapitadosan dhiri
D. Sakedhik-sakedhik mirsani chatetan
28.Simbah ngagem kaca tingal amarga……belekan.
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku……
A. Rikmanipun D. Sulunipun
B. Mripatipun E. Paningalipun
C. Matanipun
29.Njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung
tembung kang diucapake marang wong akeh diarani……..
A. Geguritan D. Cerkak
B. Cangkriman E. Sanepa
C. Pidhato
30.“Buku iku gudhange ilmu” ngemu tegese…..
A. Sarana maca buku wong bisa dadi penggedhe
B. Sarana ngarang buku wong bisa nyebar kawruhe
C. Buku iku momot ilmu kang warna-warna
D. Sok sapa sing kepengen pinter kudu maca buku
E. Kabeh ilmu bisa ditemokake ing buku
31.Apa aku bisa turu bengi, tangi esuk.
Ukara kasebut yen diowahi karma alus sing bener yaiku…….
A. Punapa saged kula tilem dalu, tangi enjing
B. Punapa pareng dalem tilem dalu, tangi enjing
C. Punapa saged kula tilem dalu, tangi enjing
D. Punapa saged kula sare dalu, wungu enjing
E. Punapa kula saged tilem bengi, tangi esuk
32.Kula badhe…...........”Punapa leres punika dalemipun Bapak Prawiro.”
A. Nyuwun priksa D. Nyuwun pirsa
B. Ndherek takon E. Nyuwundhangu
C. Ndherek taken
33.Sejatine basa Jawa iku basa kang endah lan ngresepake.
Tembung “ngresepake”, tegese liya yaiku………
A. Mboseni D. Nyenengake
B. Becik E. Angel
C. Gampang
34.Runtutane cengkoronganing tanggap wacana kang trep, yaiku…..
A. Salam pambuka, pangajeng-ajeng, purwaka atur, isi, wacana
B. Salam pambuka, purwaka atur, pangajeng-ajeng, isi, wacana
C. Salam pambuka, isi, purwaka atur, pangajeng-ajeng, wasana
D. Salam pambuka, purwaka atur, isi, panyuwun, wasana
E. Salam pambuka, isi, purwaka atur, panyuwun, wasana
35.Tembung rangkep ing ukara ngisor iki nduweni teges sanadyan,
sanadyan……….
A. Mongan-mangan terus apa durung wareg?
B. Omah-omah lagi padha didhandhani
C. Esuk-esuk aja bengak-bengok
D. Bocah-bocah padha dolanan
E. Kuru-kuru nanging lak rosa
36.Endhi tembung sing ora bener ukara ing ngisor iki ?
A. Gilbert kuwi pancen bagus tur gumregah
B. Bocah-bocah padha gumbregah mangerteni yen wis awan
C. Rina gumregah nalika krungu pakdhene rawuh
D. Ayo padha gumbregah mbangun bangsa lan Negara
E. Gek ndhang gumbregah, mumpung isih padhang rembulan
37.Ing ngisor iki padha karo watake manungsa
1. prigel 4. cidra
2. santun 5. prewira
3. drengki
Endhi kang diajabake dadi sipate para taruna ?
A. 1, 2, 3 D. 2, 4, 5
B. 1, 2, 5 E. 3, 4, 5
C. 2, 3, 4
38.Aku seneng mangan bakso.
Ukara ing dhuwur nggunakake basa Jawa………
A. Ngoko lugu D. Ngoko alus
B. Ngoko ndesa E. Krama alus
C. Krama lugu
39.Basa ngoko alus iku lumrahe kanggo guneman tumprap…….
A. Wong sing kulina banget
B. Wong sing durung kulina tur ngajeni
C. Wong sing durung kulina
D. Wong sing kulina nanging ngajeni
E. Pak guru marang muride
40.Teks wacan kang during rampung di tulis diarani teks…….
A. Simpang D. Rumpang
B. Sisipan E. Timpang
C. Geguritan
41.Sing asung panggulawenthah marang karang taruna ana ing RT
iku lumrahe……….
A. Camat D. Lurah
B. Ketua RT E. Ketua Karang Taruna
C. Sekretaris RT
42.Ing ngisor iki bab-bab kang kudu ngemot ing pidhato, kajaba….
A. Wasana basa D. Isi
B. Purwakaning atur E. Kudu bisa basa
C. Salam pambuka
43.Tembang macapat iku kaiket dening paugeran………
A. Guru gatra, guru sastra, guru lagu
B. Guru gatra, guru lagu, guru wilangan
C. Guru sastra, guru lagu, guru wilangan
D. Guru lagu, guru basa, guru sastra
E. Guru wilangan, guru basa, guru gatra
44.Cacahing larik ing tembang macapat diarani guru……..
A. Lagu D. Sastra
B. Wilangan E. Basa
C. Gatra
45.Jinis paragraf kang ukara bakune manggon ing pungkasaning
paragraf diarani paragraf……
A. Deduktif D. Deskripsi
B. Campuran E. Argumentasi
C. Induktif
46.Ngaturaken sugeng rawuh dumateng para tamu sadaya..
Tulisan ingkang luput tinemu ing tembung………
A. Dumateng D. Ngaturaken
B. Para E. Sugeng
C. Sadaya
47.Puntadewa sasedulur iku diarani Padhawa amarga………
A. Anak lima apik kabeh D. Anak lima lanang kabeh
B. Anak lima ala kabeh E. Anak lima wadon kabeh
C. Anak lima gagah kabeh
48.Kang dudu titikane basa baku, yaiku……..
A. Tegese tembung dingerteni dening bebrayan umum
B. Nggunakake dialek
C. Duwe pranatan pocapan
D. Duwe pranatan lisan
E. digunakake dening bebrayan umum
49.Wong urip mono yen kepengin slamet donya akherat, munggu
ing wong Jawa, kudu bias nglakoni pasemon “ kodhok ngemuli le
nge “ iku diarani……..
A. Ngerti butuhing urip
B. Ngerti marang dalane urip
C. Ngerti marang dununging urip
D. Ngerti marang dalane pati
E. Ngerti dununging urip lan dalane pati
50.Gunung Merapi wektu iki lagi kena lara watuk, meh saben dina
muntah. Ukara kasebut kalebu gaya bahasa………
A. Sinkup D. Hiperbol
B. Personifikasi E. Sinekdog
C. Metafora


**** SEGENG MAKARYO *****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar