Kamis, 14 Oktober 2010

UNTUK SMA KLAS X

Sampun katimbalan sowan ing pangayunanipun Gusti ingkang Maha Wikan,
Bapak R. Ganda Suteja
Yuswa 70 tahun
Rikala dinten Rebu, 27 Mei 2006 ing Rumah Sakit Karyadi jalaran nandhang gerah sepuh. Dene jenazah badhe kasareaken wonten pasareyan Bergoto Semarang dinten Kemis, 28 Mei 2006, tabuh 12.30 bidhal saking griya jalan Untung Suropati 277 Semarang. Mugi- mugi sadaya amalipun dipun tampi lan sadaya kalepatanipun dipun pangapunten dening Gusti lan pikantuk papan ingkang minulya ing kasuwargan.

1. Apa isine wara- wara lelayu ana ing dhuwur kasebut . . . .
A. lelayu
B. kegiyatan
C. ulema
D. jejibahan
E. mantu

2. Sapa jenenge sing seda . . . .
A. R. Ranggalawe
B. Tulusiyanto
C. R. Ganda Suteja
D. Bapak Hartono
E. R. Kariyadi

3. Pira umure sing seda . . . .
A. 65 tahun
B. 70 tahun
C. 75 tahun
D. 80 tahun
E. 85 tahun

4. Dimakamke ana ing ngendi jenazahe . . . .
A. ing makam Trunajaya
B. ing makam Gilimanuk
C. ing makam Bergota
D. ing makam Gilisan
E. ing makam Pahlawan

5. Kapan anggone gawe wara- wara iku . . . .
A. Rebu, 27 Mei 2006
B. Rebu, 28 Mei 2005
C. 28 Mei 2006
D. 28 Mei 2005
E. Rebu, 27 mei 2005

6. Lelayu iku kalebu wara- wara kang surasane . . . .
A. kabar wiwitane pasar malem
B. kabar lowongan gaweyan
C. kabar sripah
D. kabar ajak- ajak kerja bhakti
E. kabar anane lomba

7. Mugi- mugi arwahipun dipuntampi Gusti Ingkang Maha Agung.
Perangan ukara ing dhuwur isine . . . . .
A. crita
B. pakon
C. panyeru
D. pangarep- arep
E. pitakon
8. Kanggo para siswa kelas X-XII SMA Karya Bhakti Ungaran tanggal 19 Desember 2005 supaya gunakake hak suarane kanggo milih ketua OSIS sing anyar.
Perangan wara- wara ing dhuwur kalebu . . . .
A. pambuka
B. isi
C. panutup
D. adangiyah
E. pangarep- arep

9. Ngenut perangan wara- wara nomer 8, wara- wara ing dhuwur tumuju marang sapa . . . .
A. Bapak Ibu Guru
B. Pengurus OSIS
C. Kepala Sekolah
D. Ketua OSIS
E. Siswa- siswi SMA Bhakti Karya

10. Layon badhe kaserekaken wonten ing pasareyan ”Njugrug Ambles” Semarang.
Tembung liyan kang pas kaliyan pasareyan . . . . .
A. dipan
B. lincak
C. kuburan
D. bangku
E. cakruk

11. Perangan tata cara telpon kang mujudake pambuka yaiku . . . .
A. sugeng sonten . . .. .
B. matur nuwun . . . .
C. punika sinten . . . .
D. wonten perlu punapa . . . . .
E. Rani wonten . . . . .

12. Salam lan atur panuwun perlu diucapake nalika . . . pirembugan ing telpon.
A. arep telpon
B. mungkasi
C. buka
D. nyambungake
E. nyritakake


13. Pinuju arep omongan karo wong ing telpon, apa kang kudu ditindakake . . . .
A. ngucapake salam panutup
B. nyebutake identitas
C. mangsuli salam
D. nakoake apa kang dikarepake
E. mangsuli apa kang dikarepake

14. Aku didhawuhi Pak Guru nggarap PR ing ngarep kelas.
Ukara ing nginggil ngginakaken basa . . . .
A. ngoko lugu
B. krama alus
C. ngoko alus
D. krama lugu
E. krama inggil

15. Nana : Bu, benjang kula nyuwun arta
Ibu : Kanggo apa? Kok sajake wigati banget.
Nana : Kagem mbayar kursus nari Bu, sampun sekawan wulan kula dereng mbayar.
Pecelathon ing dhuwur, Nana nggunakake basa . . . .
A. ngoko lugu
B. krama lugu
C. krama alus
D. ngoko alus
E. krama madya

Nomer 16 lan 17 ana gegayutane kaliyan pethilan pawarta ing ngisor iki.
Badan Meteorologi lan Geofisika Stasiun Klimatologi Semarang ngramalake saperangan wewengkon Jawa Tengah sisih wetan kaincim angin prahara bebarengan karo tumurune udan deres. Adhedhasar ramalan cuaca, angin prahar bakal tumempuh ing kabupaten Pati, Rembang, Blora, Grobogan lan Kudus. Kepala BMG Semarang Widada mratelakake puncak mangsa udan taun iki bakal kawitan dening muncule udan angin lan bledheg magunturan.

16. Apa undering pawarta kang dicritakake ing dhuwur . . . .
A. Critakake BMG kota Semarang
B. Critakake wewengkon Jawa Tengah
C. Critakake Kepala BMG Kota Semarang
D. Critakake angin prahara kang ngincim Jawa Tengah
E. Critakake ramalan Widada

17. Ana dhaerah ngendi wae angin prahara iku bakal ngincim . . . .
A. Semarang, Kendal, Pati, Kudus
B. Semarang, Pati, Kudus, Blora
C. Pati, Kudus, Rembang, Blora
D. Semarang, Blora, Kudus, Rembang
E. Pati, Kudus, Kendal, Blora

18. Apa titikane (tandha) angin prahara kang bakal dumadi ing Jawa Tengah . . . .
A. Udan deres saben dina
B. Akeh wit- witan padha ambruk
C. Akeh ramalan Kantor BMG
D. Kali- kali padha luber
E. Udan angin lan bledeg magunturan






19. Nalika padha nonton TV dumadakan udan deres, mula dadi ribut amarga duwe pemean. Saking gugupe Ibu arep njupuk caping kleru wajan, nanging tetep dienggoi capingan. Ukara ing dhuwur kalebu ukara lucu amarga . . . .
A. Geseh karep karo tumindake
B. Gugup amarga pemeane kudanan
C. Udan kang deres banget
D. Kena ngus wajan
E. Kleru nanging nekad

20. Muridku wektu tak wulang tembang Asmarandhana sajake ora nggatekake, mula bareng entuk giliran nembang ing ngarep kelas ana sing kleru. Cakepane ngene :
Aja turu sore kaki
Aba dewa nganglang jagad
Nyangking bokong kencanane
Tekan cakepan murid liyane padha guyu ger-geran karo celathu ”Dewa Gedhang”.
Crita ing dhuwur kalebu . . . .
A. Crita kang gawe bungah
B. Crita kang gawe susah
C. Dhagelan
D. Crita kang gawe trenyuh
E. Crita lucu

21. Pak Erie : Lha ana apa kok ndadak goleki Bu Ru’yah ?
Catra : Kula dikongkon Ibu maringaken serat kanggo Bu Ru’yah.
Pethilan pacelathon ing dhuwur dadi pener manut unggah-ungguh basa Jawa yen ukarane diganti . . . .
A. Kula dikongkon Ibu menehake serat kanggo Bu Ru’yah
B. Kula diutus Ibu menehake serat kagem Bu Ru’yah
C. Kula diutus Ibu ngaturaken serat kagem Bu Ru’yah
D. Aku diutus Ibu ngaturaken serat kanggo Bu Ru’yah
E. Aku diutus ngaturaken serat kagem Bu Ru’yah

22. ”Menurut saran saya bapak harus operasi.”
Ukara kanthi basa Indonesia iku cara Jawane kang bener lan netepi subasita, yaiku . . . .
A. Menawi pendapat kula, bapak kedah operasi.
B. Menawi saran kula, bapak kedak operasi.
C. Menawi panemu kula, bapak kedah operasi.
D. Menawi kula, bapak kedah operasi.
E. Prayoginipun bapak operasi.

23. ”Dhik tulung jogan ngarep disaponi, sedhela maneh Bapak lan Ibu dhateng.”
Sing dadekake ukara ing dhuwur kurang trep amarga tembung . . . .
A. Sadhela maneh
B. Dhateng
C. Jogan
D. Tulung
E. Ngarep

24. Ibu : Man, mengko mampira menyang nggone Pakdhemu, kandhanana menawa simbah gerah.
Lukman : . . . . .
Wangsulane Lukman marang Ibune kang trep yaiku . . . .
A. Iya Bu, mengko dak matur Pakdhe yen simbah lara.
B. Iya Bu, mangke dak kandha Pakdhe yen simbah gerah.
C. Inggih Bu, mengko aku sing kandha Pakdhe yen simbah gerah
D. Inggih Bu, mangke kula ingkang matur kalih pakdhe, menawi simbah gerah.
E. Inggih bu, mangke kula ingkang matur kalih Pakdhe, menawi simbah sakit.



25. Pak yen sida . . . Solo, . . . bis wae.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara iku yaiku . . . .
A. lunga, numpak
B. lunga, nitih
C. tindak, nitih
D. tindak, numpak
E. menyang, numpak

26. Punika sanes . . . . kula, punika . . . . Pak Tohar.
Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara iku yaiku . . . .
A. gadhahanipun, gadhahanipun
B. gadhahanipun, kagunganipun
C. kagunganipun, gadhahanipun
D. duwekke, kagunganipun
E. kagunganipun, kagunganipun

27. Ukara ing ngisor iki nganggo basa ngoko alus sing bener yaiku . . . . .
A. Ibu ngasta endhog telung kilo
B. Panjenengan niku mbekta napa
C. Kula tumbas buku kalih dasa
D. Bapak tindak Klaten kalih Ibu
E. Ibu dhahar roti kaliyan bapak

28. Ngucapake salam, nyebutake identitas lan takon nomer kang dituju mujudake perangane kegiyatan telpun kang diarani . . . .
A. isi
B. pambuka
C. adangiyah
D. peprenah
E. kraton
29. Nalika telpon marang Bapak/ Ibu guru luwih becik nggunakake basa . . . .
A. ngoko lugu
B. basa dialek
C. ngoko alus
D. krama alus
E. kraton

30. Perangan tata cara telpon kang mujudake panutup yaiku . . . .
A. Hallo, . . . .
B. Punika sinten, . . . .
C. Wonten keperluan napa, . . . .
D. Matur nuwun, . . . .
E. Leres punika . . . .

31. Kepriye caramu anggone nampani telpon saumpama ana kang salah sambung . . . . .
A. Hallo, punika sinten nggih ? Punapa panjenengan salah mencet nomer ?
B. Hallo, punika salah sampung nggih !
C. Hallo, panjenengan salah sambung !
D. Hallo, kadose Panjenengan lepat mencet nomer Pak!
E. Nuwun sewu Pak, kadosipun panjenengan salah sambung, cobi dipun priksa malih nomeripun.









Kanggo para pengirim naskah Wacan Bocah utawa Roman Remaja supaya nggatekake syarat-syarat ing ngisor iki :
• Dawane tulisan maksimal 3 hal folio
• Diketik ing kertas HVS kanthi ukuran huruf 12 point lan spasi 1.5
• Tulisan durungtau dimuat ing media liya
• Dikantheni Biodata cekak (jeneng singlon/ jeneng asli lan alamat cetha ing pungkasan naskah)

32. Manut pratelan paragrap ing dhuwur kalebu . . . .
A. wara-wara
B. layang ulem
C. layang kekancingan
D. lelayu
E. layang kitir

33. Manut pratelan ing dhuwur, sing nduweni hak gawe pawarta ing dhuwur . . . .
A. pamaos
B. redaktur
C. agen majalah
D. direktur majalah
E. wartawan

34. Manut pratelan wara-wara ing dhuwur, wara-wara ditujukake marang . . . .
A. redaktur
B. pamaos majalah kasebut
C. pengirim naskah Roman Remaja
D. pengirim naskah Wacan Bocah
E. pengirim naskah Wacan Bocah lan Roman Remaja

35. Makaten wara-wara punika, sageda dipunleksanakaken kanthi saestu.
Pratelan ukara ing dhuwur kalebu perangan wara-wara . . . .
A. adangiyah
B. surabasa
C. peprenah
D. titimangsa
E. wasana basa


36. Wara-wara kang isine ngenani pawarta wong sing lagi nandhang sungkawa amarga salah siji anggota keluwargane ana sing kapundhut diarani . . . .
A. sedhahan
B. layang ulem
C. layang kekancingan
D. lelayu
E. layang kitir

Rangga : Hallo, Assalamualaikum.
Dastin : Waalaikumsalam, punika sinten nggih ?
Rangga : Hei iki Dastin ta! Iki aku Rangga kancamu sakkelas.
Dastin : O... ya ana apa Ngga, kok ndadak nelpon.
Rangga : Arep takon wae, kowe mau ulangan Matematika bisa apa ora?
Dastin : Ho..alah, aku mung bisa nggarap rong nomer, liyane babar blas ora digarap. Pak Muhdi saiki kuwi mboh kepriye ya, ngerti arep ulangan seminggu sakdurunge ya ora ngandhani, mula ya kanca sakkelase dhewe padha sambat soale angel digarap.
Rangga : Wah bisa uga sing bener anggone njawab soal Pak Muhdi dhewe.
Dastin : Dhasar kowe kuwi Ngga, murid sing paling gableg.
Rangga : Ha.....ha, sik ya Tin, Assalamualaikum.



37. Sapa wae paraga kang ana ing pacelathon ing dhuwur . . . . .
A. Rangga
B. Dastin
C. Pak Muhdi
D. Rangga lan Pak Muhdi
E. Rangga lan Dastin

38. Apa masalah kang padha dirembug ana ing pratelan pacelathon ing dhuwur . . . . .
A. Rangga arep dolan ning omahe Dastin
B. Pak Muhdi sing nganakake ulangan ndadak
C. Rangga ngajak Dastin teka ning omahe Pak Muhdi
D. Takon jadwal pelajaran
E. Rangga takon nomer telpone Pak Muhdi

39. Nitik saka basane paraga teks pacelathon nggunakake basa . . . .
A. ngoko
B. ngoko alus
C. krama
D. krama inggil
E. Indonesia

40. Pranyatan ing ngisor iki kang bener miturut teks . . . .
A. Dastin kanca beda sekolah karo Rangga
B. Dastin tanggane Rangga
C. Dastin lan Rangga tunggal sakelas
D. Dastin adhine Rangga
E. Dastin putrane Pak Muhdi

41. Kang kudu digatekake nalika migunakake sarana telpon yaiku . . . . .
A. biaya kang bakal dibutuhake
B. sapa bae kang bakal migunakake sarana iku
C. kapan migunakake sarana iku
D. tata krama lan sopan santun
E. ana ngendi migunakake sarana iku

42. Migunakake kode panggilan ”hallo” ana ing telpon iku kalebu . . . . nalika telpon.
Isian kanggo ceceg-ceceg kang trep yaiku . . . .
A. urutan kang perlu digatekake
B. mupangat
C. kegunaam
D. keutamaan
E. sarana

43. kang ora kalebu urutan nalika nampa telpon yaiku . . . .
A. nyebutne identitase sing nampa kanthi cetha
B. nutup telpon kanthi salam lan matur nuwun
C. nyambut kanthi salam utawa mbales salam
D. takon keperluane nelpon kanthi basa kang apik lan sopan
E. migunakake kode panggilan ”halo” ana ing wiwitan nelpon

44. Nalika ana salah sawijining murid telpon marang gurune kanggo nyuwun ijin ora mlebu sekolah kudu migunakake basa kang bener. Basa kang trep kang kudune digunakae yaiku . . . . .
A. ngoko lugu
B. basa krama alus
C. ngoko alus
D. basa gaul
E. basa manca


45. Pengalaman kang isine bisa gawe guyune wong kang ngrukokake diarani pengalaman . . .
A. lucu
B. nyenengake
C. nganyelake
D. sedhih
E. horor

46. Pengalaman iku biasane diceritakake migunakake ukara kang bisa narik kawigaten. Iku ateges nyritakake pengalaman migunakake paragrap . . . . .
A. deskriptif
B. naratif
C. persuasif
D. eksposisi
E. argumentasi

47. Prastawa utawa kadadeyan kang dialami dening sawijining wong kang ora gampang dialekake utawa kang narik kawigaten ana ing uripe diarani . . . .
A. pawarta
B. crita cekak
C. biografi
D. sinematografi
E. pengalaman

48. Unsur-unsur ing ngisor iki kang diduweni nalika nyritakake pengalaman, kajaba . . . .
A. panggonan pengalaman iku kadadeyan
B. wong-wong kang pengen/ bakal koceritani
C. wektu kadadeyan pengalaman iku
D. kepriye pengalaman iku kadadeyan
E. pengalaman apa kang bakal mbok critakake

49. Dening wong jawa, pengalaman iku biasane didadekake . . . . .
A. guru/ tuladha wicaksana
B. cerita kanggo anak putu
C. legendha
D. kepercayaan
E. pawarta

50. Ing ngisor iki kang kalebu crita pengalaman, kajaba . . . .
A. munggah Gunung Lawu
B. kacang atom gadhungan
C. menyang Tlaga Sarangan
D. asal usule Rawa Pening
E. kamar bandhasa





***** SUGENG MAKARYO *****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar